Wacan kanggo soal nomer 1 – 5
Gamelan
Sing diarani gamelan
kuwi, piranti kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit, kethoprak utawa campur sari.
Gamelan iku kabudayan saka para leluhur. Gamelan digawe saka tembaga, kuningan
lan wesi. Tukang nabuh gamelan diarani niyaga. Yen sing nglekokake wayang
diarani dhalang.
Perangane gamelan
kuwi : gong, bonang, kendang, siter, rebab, saron, peking, kenong, ketipung,
kempul, slenthem, demung, suling, kecer.
1.
Pagelaran wayang iku kalebu kabudayan ….
A. Nasional C. Manca
B. Tradisional D. India
2.
Tukang nglakokake wayang diarani ….
A. dhalang C. sinden
B. niyaga D. waranggana
3.
Piranti kanggo ngiringi pagelaran wayang
diarani ….
A. Rebana C. Campur sari
B. Musik D. Gamelan
4.
Tukang nabuh gamelan diarani ….
A. sinden C. masinis
B. kusir D. niyaga
5.
Sing ora kalebu piranti gamelan yakuwi ….
A. gong C. gitar
B. bonang D. kecer
6.
Ngisor iki piranti gamelan sing dikeplak ….
A. suling C. kendhang
B. rebab D. siter
7.
Gamelan kuwi digawe saka ….
A. kuningan
lan wesi C. wesi lan atom
B. kayu
lan benang D. benang lan wesi
8.
Kesenian tradisional wayang asale saka ….
A. Jawa
Barat C. Jawa Timur
B. Jawa
Tengah D. Banten
Wacan kanggo soal
nomer 9 – 10
Nakula
lan Sadewa
Nakula
lan Sadewa iku bocah kembar anake Pandhu Dewanata. Nakula lan Sadewa pandhawa
nomer 4 lan 5.
Nakula
lan Sadewa pada duweni jeneng liya. Nakula duweni jeneng Damagrantika, Sadewa
duweni jeneng Sudamala.
9. Nakula
lan Sadewa duweni watak ….
A. becik C. serakah
B. ala D. durhaka
10. sadewa
iku pandawa nomer ….
A. 2 C. 4
B. 3 D. 5
11. Ngapusi
iku tumindak ….
A. apik C. prayaga
B. jujur D. ala
12. Kejaba
Nakula lan Sadewa, pandawa sing duweni watak becik yakuwi ….
A. Kurawa C. Arjuna
B. Rahwana D. Buta galak
13. Ing
ngisor iki sing duweni watak apik ….
A. Rahwana C. Batharakala
B. Gatot
Kaca D. Patih Sakipu
14. Kabudayan
kudu dilestarikake supaya ….
A. ora
ilang C. sirna
B. apik D. tambah ngrembaka
Wacan
kanggo soal nomer 15 – 19
Punakawan
Semar duwe anak
cacahe telu
Yaiku : Gareng,
Petruk lan Bagong
Semar Gareng Petruk
lan Bagong diarani punakawan
Punakawan kuwi abdine
Rajen Arjuna
Gareng sikile gejik
Petruk pawakane kuru
lan duwur
Bagong duweni pawakan
weteng lan bokonge gede
15. Pira
cacahe punakawan ….
A. 4 C. 2
B. 3 D. 1
16. Anake
Semar sing wuragil jenenge ….
A. Gareng C. Petruk
B. Bagong D. Arjuna
17. Bagong
duweni pawakan ….
A. irunge
dawa C. sikile gejik
B. awake
kuru D. wetenge gede
18. Kabeh
punakawan duweni watak ….
A. ala C. murka
B. becik D. durhaka
19. Sing
diarani punakawan kuwi ….
A. Semar,
Gareng, Arjuna, Sadewa
B. Semar,
Nakula, Gareng, Bagong
C. Semar,
Gareng, Petruk, Bagong
D. Semar,
Arjuna, Petruk, Bagong
20. Ing
ngisor iki sing duweni watak ala, yakuwi ….
A. Bathara
Kala C.
Sadewa
B. Nakula D. Arjuna
II.
Isenana titik-titik ngisor iki nganggo tembung sing bener
!
21. Tukang nglakokake
wayang diarani ….
22. Gamelan digawe saka
….
23. Kesenian wayang asale
saka ….
24. Tukang nabuh gamelan
diarani ….
25. Pandhawa cacahe ana
….
26. Anake Semar sing wuragil
jenenge ….
27. Gatut Kaca bisa mabur
tanpa ….
28. Petruk duweni pawakan
…. lan …..
29. Bathara kala duweni
watak ….
30. Semar, Gareng, Petruk
lan Bagong diarani ….
III.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
31. Sapa bae sing diarani
punakawan ?
32. Gamelan kuwi akih cacahe,
aranana 5 bae !
33. Sebutake
jeneng-jenenge wayang, 5 bae !
34. Sapa sing diarani
dhalang ?
35. Apa sebabe kabudayan
kudu dilestarikake ?